Geguritan asale saka tembung lingga “gurit” kang ateges : kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. dene geguritan nduweni teges : rumpakan mawa basa jawa kang isine ngenani wedharing gagasan panuneg-uneg saka njeroning ati panggaite kang nuduhake rasa susah,bungah,marem,kuciwa, lsp serta nduweni paugeran kang gumathok, yaiku :
1. Caching gatrane ora tartamtu .
2. Saben-saben gatrane aguru wilangan lan aguru lagu
Nanging ana geguritan kang surasane gatra sijin lan sijine ora runtut/or ana gegayutane , nanging mburu guru swarane utawa tembung-tembunge kang endah .
Ana 2 cara kanggo ngapersiasi geguritan yaiku :
1. Kanthi cara langsung
2. Kanthi cara ora langsung
Kanthi cara langsung yaiku ngananke kagiyatan maca, mngerteni isine banjur ngrasakake isine geguritan.
Kanthi cara ora langsung yaiku nynaoni teori sastra utawa maca wacana kang ana gegayutane karo geguritan .
Babagan/unsure sing ana ing njero geguritan yaiku :
1. Purwakanti swara
2. Tembung-tembung pilihan
3. Larik/baris
4. Pada
Kegiyatan maca geguritan iku ngapresiasi geguritan kanthi cara langsung , mula supaya maca geguritan iku kepenak dirungokake vocal/swara kang apik, ekspresi,lan penghayatan .
RON GARING
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Wengi sansaya atis
nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan
kang digawa dening angin
prasasat tan kendhat
anggonku kulak warta adol prungu
ananging isih mamring
aku wis pingin cecaketan
obormu kang makantar-kantar
madhangi jangkah lan jagatku
ana ngendi papanmu
lelana tapa brata
tanpa pawarta tanpa swara
aku kadya ron garing
kumleyang kabur kanginan
ing jagat peteng lelimengan
krasa luwih abot
anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep
mlakuku ora mantep
kagubet ribet lan ruwet
adoh saka cahyamu
pedhut ing sakindering pandulu
panjenengan
guruku, sihku, oborku
kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.
Pitakon
1. Apa irah-irahane geguritan ing nduwur?
2. Apa kang di arani geguritan?
3. Ana piro titikan geguritan gagrag anyar?
4. Geguritan nduweni paugeran kang gumathok,yaiku?
5. Ana pirang cara kanggo ngapresiasi geguritan,apa wae?
6. Jelaske kanthi cara langsung lan cara ora langsung?
7. Apa wae babagan/unsur sing ana ing njero geguritan?
8. Apa kang diarani guru lagu?
9. Apa kang diarani guru wilangan?
10. Apa kang diarani guru gatra?
Jawaban
1. RON GARING
2. Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar (puisi modern)
3. 4
4. Caching gatrane ora tartamtu, Saben-saben gatrane aguru wilangan lan aguru lagu
5. 2, Kanthi cara langsung, Kanthi cara ora langsung
6. Kanthi cara langsung yaiku ngananke kagiyatan maca, mngerteni isine banjur ngrasakake isine geguritan, Kanthi cara ora langsung yaiku nynaoni teori sastra utawa maca wacana kang ana gegayutane karo geguritan .
7. Purwakanti swara, Tembung-tembung pilihan, Larik/baris, Pada
8. Tibaning swara ing pungkasaning gatra
9. Cacahing wanda saben sagatra
10. Cacahing gatra saben sapada
Geguritan
Contoh :
Kelasku
Saben dina daksaba daksapu
Bangku meja tinata
Para siswa sumedya
Sinau
Amrih dadi bocah kang landhep pikire
Jembar kawruhe
Tan ana kang kuciwa
Tan ana kang sambat
Pinaringan tugas PR akehe ora mekakat
Ora ana kang dawa tangane
Ora ana kang gedhe endhase
Wiwit saka omah gedhong gubug penceng pinggir kali
Kabeh nyawiji
ngangsu kawruh nggayuh impen sundhul langit
gawe arum lan kuncara asma wong tuwa lan nagara
dadi kembang lambe lan kusumaning bangsa
kawiwitan saka klasku
UJI KOMPETENSI
1. apa kang diarani geguritan iku?
a. Pitakonan
b. Kasusastraan
c. Bedek-bedekan
d. Pantun
e. Puisi
2. ing ngisor iki titikane geguritan gagrag anyar kecuali?
a. Cekak aos
b. Ukarane prasaja lan gampang di mengrti
c. Ukarane keiket ing wewaton
d. Kaedahan basa ningunakake seselan, dwipurwa,purwakanthi,lan paribasan
e. Ukara ora keiket ing wewaton
3. minurut isine geguritan ”kerukunan” kerukunan iku titikane?
a. Genti genten menehi kalodhangan lagu
b. Tansah mlebu metu bolongane grana
c. Saben wong ndweni jelibahan kang beda
d. Endahing wirama lagu kang kepenak
e. Bisa nampa sapadha-padha najan bedha
Eklasna
Eklasno aku lungo biyung
Sanadya ing dhuwur langite katon mendung
Eklasno aku lungo bapa
Lungaku sangu ati lapis waja
Ora perlu panjenengan galih
Ing paran aku ora bakal mati amarga ngelih
......................................
4. isine geguritan ing dhuwur yoiku?
a. Wis ora kuwat meneh amergo loro
b. Bocah enom kang bingung arep lungo
c. Pamit arep budal sekolah
d. Pamit arep golek pakaryan
e. Rasa sedih ninggalke wong tua
5. lungane bocah enom iku?
a. Kanthi rasa kwatir
b. Kanthi rasa bunga
c. Kanthi rasa sedih ninggal kebone
d. Kanthi tekat kang gedhe serta mantep
e. Kanthi rasa gembira kebab pengarep-arep
6. ”sanadya ing ndhuwur langit katon mendung” ateges?
a. Mratelakake yen nalika iku mangsa rendeng
b. Yen kaanane ora sarwa gampang
c. Yen nalika iku arep udan
d. Yen bocah kuwi arep nangis
e. Yen sedih ninggal wong tuwa
7. becek ketitik ala ketara, ukara iki kelebu
a. saloka
b. bebasan
c. paribasan
d. wangsalan
e. parikan
8. ing ngisor iki sen mlebet ing geguritan kecuali?
a. Purwakanthi
b. Paribasan
c. Bebasan
d. Seselan
e. Dwipurwa
9. yen ora jujur bakal ajur, ukara iki kelebu?
a. Purwakanthi
b. Seselan
c. Dwipurwa
d. Paribasan
e. bebasan
10. tangis-tetangis, ukara iki kelebu?
a. Purwakanthi
b. Seselan
c. Dwipurwa
d. Paribasan
e. bebasan
SEMOGA BERMANFAAT 
0 komentar:
Posting Komentar