Tampilkan postingan dengan label Materi Bahasa Jawa XI. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi Bahasa Jawa XI. Tampilkan semua postingan

Kamis, 22 November 2012

PAUGERANE PIDHATO

Minggu, 02 September 2012

GEGURITAN

Geguritan asale saka tembung lingga “gurit” kang ateges : kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. dene geguritan nduweni teges : rumpakan mawa basa jawa kang isine ngenani wedharing gagasan panuneg-uneg saka njeroning ati panggaite kang nuduhake rasa susah,bungah,marem,kuciwa, lsp serta nduweni paugeran kang gumathok, yaiku :

1.      Caching gatrane ora tartamtu .
2.      Saben-saben gatrane aguru wilangan lan aguru lagu

Nanging ana geguritan kang surasane gatra sijin lan sijine ora runtut/or ana gegayutane , nanging mburu guru swarane utawa tembung-tembunge kang endah .
Ana 2 cara kanggo ngapersiasi geguritan yaiku :
1.      Kanthi cara langsung
2.      Kanthi cara ora langsung

Kanthi cara langsung yaiku ngananke kagiyatan maca, mngerteni isine banjur ngrasakake isine geguritan.
Kanthi cara ora langsung yaiku nynaoni teori sastra utawa maca wacana kang ana gegayutane karo geguritan .
Babagan/unsure sing ana ing njero geguritan yaiku :
1.      Purwakanti swara
2.      Tembung-tembung pilihan
3.      Larik/baris
4.      Pada
Kegiyatan maca geguritan iku ngapresiasi geguritan kanthi cara langsung , mula supaya maca geguritan iku kepenak dirungokake vocal/swara kang apik, ekspresi,lan penghayatan .



RON GARING
 Wengi sansaya atis

nalika aku sesingidan ing sajroning swara gamelan

kang digawa dening angin



prasasat tan kendhat

anggonku kulak warta adol prungu

ananging isih mamring


aku wis pingin cecaketan

obormu kang makantar-kantar

madhangi jangkah lan jagatku


ana ngendi papanmu

lelana tapa brata

tanpa pawarta tanpa swara


aku kadya ron garing

kumleyang kabur kanginan

ing jagat peteng lelimengan


krasa luwih abot

anggonku ngadhepi dina-dina ing ngarep

mlakuku ora mantep



kagubet ribet lan ruwet

adoh saka cahyamu

pedhut ing sakindering pandulu



panjenengan

guruku, sihku, oborku

kancanana sukmaku sinau bab katresnan sajroning ati.



Pitakon
1.      Apa irah-irahane geguritan ing nduwur?
2.      Apa kang di arani geguritan?
3.      Ana piro titikan geguritan gagrag anyar?
4.      Geguritan nduweni paugeran kang gumathok,yaiku?
5.      Ana pirang cara kanggo ngapresiasi geguritan,apa wae?
6.      Jelaske kanthi cara langsung lan cara ora langsung?
7.      Apa wae babagan/unsur sing ana ing njero geguritan?
8.      Apa kang diarani guru lagu?
9.      Apa kang diarani guru wilangan?
10.  Apa kang diarani guru gatra?


Jawaban
1.      RON GARING
2.      Geguritan iku puisi jawa gagrag anyar (puisi modern)
3.      4
4.      Caching gatrane ora tartamtu, Saben-saben gatrane aguru wilangan lan aguru lagu
5.      2, Kanthi cara langsung, Kanthi cara ora langsung
6.      Kanthi cara langsung yaiku ngananke kagiyatan maca, mngerteni isine banjur ngrasakake isine geguritan, Kanthi cara ora langsung yaiku nynaoni teori sastra utawa maca wacana kang ana gegayutane karo geguritan .
7.      Purwakanti swara, Tembung-tembung pilihan, Larik/baris, Pada
8.      Tibaning swara ing pungkasaning gatra
9.      Cacahing wanda saben sagatra
10.  Cacahing gatra saben sapada